Dewa Ruci ( Tunggal Sawang Kartining Bawana )
by Anin & Wayangprabu.com
Pawartos Jawi nyuwun pangestunipun para sutresna sadaya supados tetep jejeg jangkahipun mecaki lurung ingkang sangsaya rumpi sinartan jejibahan nglestarekaken lan ngrembakaken basa tuwin budhaya Jawa sanadyan kanthi keponthal-ponthal ngoyak jaman ingkang mlajeng nggendring.
Tumrap para ingkang remen olah kridha batin lan pangulir budi, wiwit sasi Juni punika pasugatan Pawartos Jawi ugi badhe ngrembag bab ingkang hangengingi kabatosan tuwin kautamaning budi kadosta piwulang ingkang tujuwanipun hanggegesang raosing kamanungsan ingkang tundhonipun sageda kula lan panjenengan sadaya dados tiyang ingkang migunakaken kekiyatanipun kangge rahayuning bebrayan ageng, boten sanes inggih lumeberipun rahayuning jagad punika.
Jer wajibing tiyang gesang punika wonten kalih prakawis, manawi boten sinau inggih mucal. Liripun sinau, inggih punika tansah ngudi undhaking kawruh lair lan batin. Liripun mucal, tansah aweh obor dhateng tiyang ingkang saweg nandhang kapetengan budi. Hewadene ingkang tansah dipunudi dening tiyang ingkang wicaksana inggih punika sageda nyumerebi cacadipun piyambak sarta mbudidhaya kados pundi amrih saenipun, punika katindhakaken saderengipun paring pamrayoga dhumateng asanes.
Tiyang wicaksana punika beda kaliyan tiyang ingkang pinter srawung lan tumindhak ajur-ajer ing madyaning bebrayan. Bobot sarta ajinipun sayekti anglangkungi katimbang moncering kawruh. Mila boten cekap namung sarana dibandhani pepaking ilmu-ilmu pangawikan kemawon, nanging sabageyan ageng malah sumendhe wonten ing anggenipun pinter srawung lan wor-woran kalayan sasaminipun, tanpa nyawang undha-usuking semat lan drajat punapa dene beda-bedaning kalungguhaning tiyang ingkang dipun srawungi.
Ajining manungsa punika boten amargi piyambakipun kadunungan wewatekan luhur lan kapinteran ingkang bebasan saged kangge njarah angin, nanging muhung dumunung ing pakarti anggenipun ngamalaken wewatekan lan kapinteranipun wau. Parandene pakarti ingkang bebasan tanpa aso, nanging manawi sinartan ing pamrih golek puji lan suwur, punapa dene ngantos ngalab donya brana punika dede nami ngamal. Pakarti ingkang makaten wau malah saged mbebayani tumraping bebrayan amargi alamipun ngandhut wisa tur malih ngangge kekudung naminipun tiyang akathah malih.
Satunggal-tunggalipun manungsa punika gesangipun sami katitik saking cipta, rasa, lan karsanipun. Sipating gesangipun manungsa warni tiga wau punika kenging kula tembungaken dhaya-dhayaning Pangeran ingkang dumunung wonten ing manungsa. Dados kewajibanipun manungsa gesang wonten ing donya punika sageda ngangge dhaya-dhaya wau miturut dhedhasaranipun piyambak- piyambak.
Karsa punika pentokipun dhateng panguwasa amargi manungsa punika manawi sampun saged mranata badhanipun piyambak inggih badhe saged mranata dhateng sakiwa tengenipun. Namung kemawon kawasa ingkang sampun kasalira manungsa punika wau kedah kangge angayomi awit dhedhasaring kodrat punika angayomi.
Rasa punika keplasipun dhateng katresnan, tegesipun manungsa kedah ngangge kekiyataning raos tresna dhateng sasamining ngagesang.
Cipta punika keplasipun dhateng kaweruh. Ananging manungsa kedah enget dhateng weting kodrat bilih kaweruh punika kedah tumuju dhateng pangurbanan, dados sepi ing pamrih ingkang ateges dhateng karahayon.
Manawi sadaya manungsa sami kersa menggalih saestu dhateng kamanungsanipun piyambak-piyambak, pinanggihipun tamtu angakeni bilih manungsa wonten ing alam donya punika ingkang sami dipun esthi dhateng begja. Ananging manungsa ugi kedah sami ngrumaosi bilih begjanipun manungsa punika inggih kalayan manungsa sanesipun. Pramila manungsa kedah hanetebi karukunan. Gesangipun kedah dipun runtutaken kaliyan tatananing kodrat ugi tatananing Pangeran.
Wiji punika sasampunipun thukul lajeng semi, mrajak, menthil, ngembang, awoh, nuli gogrog, wusananipun uwitipun lajeng garing. Makaten punika pepindhanipun uriping manungsa boten saged uwal saking kodrat. Mila mumpung kita teksih gesang, sumangga sami ngudi kasembadaning kawruh amrih saged marisaken woh lan wiji ingkang migunani tuwin boten mitunani.
Tatananing kodrat punika tumuju dhateng karukunan, sanes memengsahan, inggih punika dados manunggil [boten pepisahan], dhateng kajujuran [boten nakal-nakalan], dhateng begja umum [boten begja piyambak], dhateng panyambut damel sesarengan [boten unggul-unggulan], lan dhateng tulung-tinulung [boten mangsa bodhoa]. Manawi manungsa gesangipun mawi ngengeti dhedhasaran makaten mesthinipun boten lajeng manah badhanipun piyambak, nanging ingkang dados esthinipun wilujenganipun bebrayan. Gesangipun manungsa satunggal lajeng ateges gesangipun manungsa sadaya. Wohipun badhe damel begjanipun sadaya manungsa amargi ingkang wonten namung katresnan anebihi sesengitan.
Manawi dipun raosaken ingkang yektos, jagad punika saged anyekapi kabetahanipun manungsa, boten nate kekirangan. Wontenipun kasangsaran ingkang dipun sandhang dening manungsa punika sebabipun rak boten sanes kejawi lepating tatanan ingkang dipun damel dening manungsa piyambak. Lha ingkang ‘kajibah’ damel tatanan punika, tamtu tatananipun badhe kadamel miring [nguntungaken] dhateng badhanipun utawi golonganipun piyambak. Awit saking punika lajeng tuwuh kawontenan ingkang boten samesthinipun.
Anglampahi gesang ing bebrayan ageng punika tamtu asring kathah sandhunganipun, asring katatap-tatap utawi kedah wani kurban kekiyatan pikir, bandha tuwin sanes sanesipun. Ananging ingkang makaten wau sampun dados ubarampenipun tiyang ingkang olah kautaman anuju dhateng kaluhuran.
“Mung bae wekasing wang, ywa pegat teteki,” makaten wulanganipun KGPA Mangkunegara IV. Sadaya tumindak punika pancen kedah linambaran teteki, tegesipun kedah mulat dhateng punapa ingkang dipun tindhakaken. Dados teteki ing ngriki boten ateges ngirangi tilem utawi tedha, nanging tansah mulata dhateng sakathahing tindak amargi manawi anggenipun nglampahaken boten mawi kawicaksanan, tuna dungkapipun sok inggih andrawasi. Mila mbokmenawi wonten pigunanipun kula ngaturaken welinging tiyang sepuh kados ing ngandhap punika:
Manungsa kudu nalangsa, tegese nalangsa iku dudu bungah, dudu susah, nanging wong kang prihatin. Tegese prihatin dudu cegah dhahar lawan guling, nanging nglanggengake rasa eling, mangesti marang kang mesti.
Manungsa kudu asarira bathara. Yaiku kahananing kedadeyan kabeh iki kudu percaya marang kang nglakoni. Kudu narima takdiring wiji, tegese aja durga mangangsa-angsa nanging tumindhaka kalawan saparenge.
Kudu taberi amarsudi purwaning dumadi, tegese apa kang den gayuh aja nganti nganggo ati lumuh, kudu sarana dilakoni. Dene saranane laku iku ana rong prakara yaiku kudu tlaten lawan taberi [sregep]. Tlaten iku kenane saka sethithik, taberi tegese aja medhot olehe anindhakake.
Witing urip kudu ngerti bibit kang gaib. Tegese gaib ora dumunung neng bumi langit, ora sumlempit ing beslit, ora kalempit ana ing jarit, ora kacarub wilanganing dhuwit, nanging kudu titi papan karempit pitakon kang luwih tertib. Yen wus winangsit aja nganti morat marit. Sinimpen ing ‘guwa’ wingit, kena kawedharake yen nocogi karo kapreluwane. Kudu eneng, ening, awas, eling [rasa rumangsani], wanuh wani kudu wuninga. Cetuk cetak kudu kang cetha. Temen temu kudu kang tekan.
Wohipun tiyang kersa migatosaken kawontenan punika temtu badhe gesang raosipun, kagigah raosipun lajeng purun ngraosaken dhateng kawontenan. Manawi sampun gesang raosipun, padhatanipun lajeng tuwuh niyatipun tumut hangrencangi kadumugening sedya memayu hayuning gesang ing satengahing bebrayan ageng.
Manungsa punika kedah nyumerebi dhateng kodratipun, makaten kawontenanipun, inggih punika;
Sapisan, manungsa punika gadhah badhan wadhag. Badhan wadhag punika gadhah gesang piyambak manut wetipun anasir.
Kaping kalih, manungsa punika gadhah badhan ingkang winastan badhan urip. Nanging sampun klentu ing panampi, badhan urip punika boten wujud anasir, boten kasat mripat, nanging wujud dhaya ingkang ngebahaken rah, nata lampahing ambegan, dhaya ingkang gegandhengan kaliyan tangkar tumangkaring manungsa.
Kaping tiga, manungsa punika gadhah badhan ingkang dipun wastani badhan pangrasa inggih boten kasat mripat, wujudipun kados dene sorot. Punika dados wadhahipun rasa lan cipta [sisah, tresna, dereng, karep ingkang taksih semang lsp].
Kaping sekawanipun, manungsa punika gadhah aku, tegesipun manungsa punika saged mastani badhanipun piyambak Aku. Wonten ingkang mratelakaken samangsa manungsa punika sampun nyumerebi badhanipun piyambak inggih badhe nyumerebi Pangeranipun.
Manungsa punika tamtu sami ngakeni bilih gesangipun punika nggadhahi nyawa [suksma]. Dados glegering tiyang punika wonten kalih perangan, inggih punika badhan wadhag ingkang asipat kasar tuwin suksma ingkang asipat alus. Sampun limrah bilih tiyang punika remen menggalih gesangipun. Tumrap wadhagipun ingkang limrah sampun boten dados penggalih malih. Dene ingkang asring dipun grejahi inggih punika pun suksma ingkang asipat alus boten kasat mripat. Penggalih makaten wau lajeng asring nuwuhaken pitaken kados pundi manjingipun, manggen utawi dunungipun suksma punika wonten ing raga lan kados pundi kesahipun suksma punika.
Makaten wau pancen inggih prelu dipun grejahi jalaran saged ngindhakaken kawruh ingkang badhe saged murakabi dhateng gesangipun. Menggah panulusuripun kedah dipun kanteni sarana migunakaken nalar lan pikiran kanthi adhedhasar kawontenan tuwin kanthi katandhing kaliyan pengalaman.
Manut kanyataning ingkang kasat mripat, dumadining manungsa punika mapan wonten ing guwa garbaning biyung karana pulang asmaraning yayah-rena awit saking paguting raos tresna peparinganing Pangeran. Kanyatan ingkang kasat mripat punika njalari tuwuhing tetembugan bilih wong tuwa punika amung kinarya lantaring tumuwuh. Manawi namung kangge lantaran kemawon, mesthinipun wonten ingkang dhawuh utawi kuwaos nglantaraken wiji gesang wau.
Katrangan punika minangka paseksen bilih bab ingkang kaudhal punika mboten namung mligi ingkang wonten utawi kasat mripat kemawon. Nanging panulusuripun sageda kabablasaken ngantos bebles dhateng bab ingkang manut muluring penggalih kakinten-kinten wonten. Kanthi pancadan lampahing gagasan kasebut pramila isining kasusastran Jawi katuwonipun ngandhut unsur-unsur filsafat. Kawruh filsafat mekaten ngrembag bab ingkang wonten sarta ngrembag bab-bab ingkang kakinten-kinten wonten pinanggih ing nalar.
Suksma makaten ingkang murugaken utawi ingkang nggesangi badhan wadhag. Dados manawi wadhag punika boten kapanjingan suksma, tamtu boten badhe saged gesang. Samangke mangga sami dipun penggalih kawontenan ingkang sampun kalimrah, punapa dene dumados wonten kalanganing tiyang bebrayan sadonya bilih bayi ingkang saweg lair saking guwa garbaning biyung punika tamtu nangis.
Manawi wonten bayi lair boten kanthi nangis, punika tamtu ginanggu utawi wonten sababipun. Tiyang sepuhipun tamtu lajeng enggal enggal pados akal lan ngreka dhaya supados bayi wau sageda enggal nangis. Wonten cara ingkang sampun kalimrah tumrap umum, manawi wonten bayi lair boten nangis, punika lajeng dipun gebrag, prelunipun supados kaget lajeng nangis. Wonten malih cara dusun, bayi wau dipun interi wonten ing tampah. Makaten cara tuwin reka dhayanipun. Tiyang sepuh ngretos lan gadhah kapitadosan bilih tangising bayi ingkang saweg lair punika dados pratandhaning anggenipun nyata gesang. Dene manawi boten nangis dipun kuwatosaken manawi pejah. Mila inggih sampun leres manawi lajeng ngreka dhaya supados bayi wau tumuntena saged nangis.
Wontenipun bayi lair procot lajeng nangis, punika tamtu inggih wonten sababipun. Bayi punika anggenipun dedunung utawi manggen wonten ing guwa garbaning biyungipun ingkang limrah watawis sangang sasi. Wekdal sangang wulan wau klebet dangu. Sampun dados wataking tiyang gesang, punapa kemawon ingkang dipun alami punika tamtu dados pakulinan. Dene pakulinaning manggen wonten ing satunggaling papan, punika tamtu lajeng nuwuhaken raos kraos.
Lha tiyang punika manawi sampun kraos anggenipun dedunung wonten satunggaling papan, mangka lajeng kapeksa kedah pindhah dhateng papan sanesipun, ing ngriku limrahipun lajeng nuwuhaken raos kaget. Upaminipun tiyang ingkang sampun kulina lan kraos manggen wonten ing papan ingkang hawanipun benter, lajeng pindhah dhateng papan ingkang hawanipun asrep, punika inggih kathah ingkang kaget. Kagetipun wau, umpaminipun kemawon, lajeng murugaken raos sakit. Makaten tuwin sanes-sanesipun.
Tumrap bayi inggih boten beda. Lair punika ugi ateges pindhah dhateng panggenan ingkang beda sanget kawontenanipun kaliyan panggenan ingkang dipun dunungi sakawit inggih punika guwa garbaning biyungipun. Nalika lair mak bruwol, pun bayi lajeng kraos kaget, umpaminipun kemawon kaget anggenipun lajeng klebetan hawa ambegan. Kaget makaten tumrap bayi lajeng murugaken nangis. Tangis punika dados lintuning wicantenan ingkang kangge nglairaken raos boten seneng, emoh, boten cocog. Makaten wau sampun dados cithakan tumrap saben bayi. Bab punapa kemawon ingkang boten dipun senengi lan boten dipun cocogi, pun bayi tamtu lajeng nangis, upaminipun kraos ngelak, luwe, sakit, lsp.
Tangis ateges kangge nglairaken raos minangka lintuning wicanten. Tumrap ingkang gegayutan kaliyan dhaya alus, umpaminipun manawi ing wanci dalu wonten durjana ingkang nggadhahi sedya awon, adatipun bayi inggih lajeng nangis. Mila makaten awit bayi taksih murni, pangraosipun teksih landhep saged ngraosaken gegetering dhayanipun tiyang sanes. Gegetering dhaya ingkang nggadhahi kajeng boten sae wau tumrap bayi inggih boten nyenengaken lan boten cocog, mila lajeng nangis.
Dados tangising bayi lair punika boten ateges bilih punika dados pratandhaning nalika manjing suksmanipun. Tiyang sepuh inggih saged nangis, manawi makaten tangis wau pancen sampun kinodrat dados pirantosipun tiyang wiwit lair ngantos dumugi sepuh minangka sarana kangge nglairaken raos.
Lajeng samangke kados pundi manjingipun suksma dhateng bayi? Ing wadhah bayi punika wonten uritanipun [tigan-wijil], punika sampun kadunungan utawi kasamadan gesang. Manawi wiji saking wanita kempal kaliyan wiji saking priya saged mahanani dados jabang bayi. Menggah kempaling wiji ingkang saged dados bayi punika manawi kadhayan tiyang kekalih wau. Dene ingkang kawastanan dereng, inggih amargi serenging karsa ingkang sinartan [kaworan] raos sengsem, utawi gampilipun katembungaken dereng kapincut.
Tempuking karsa antawisipun priya lan wanita punika nuwuhaken pletik [pletiking kaalusan]. Inggih pletik wau ingkang lajeng manjing anglimputi [campur] kempaling wiji punika temahan dados suksmanipun bayi ingkang dados wau. Dene kempaling tigan utawi wiji lajeng dados badhan wadhagipun.
Derenging karsa ingkang kaworan sengsem [kapincut] antawisipun priya lan wanita punika limrahipun boten sami kekiyatanipun, saged ugi kiyat derenging kakung, saged ugi kiyat derenging wanita. Manawi tempuking derenging karsa kiyat ingkang saking kakung, punika temahan badhe dados lare estri. Kosokwangsulipun manawi derenging sengsem wau kiyat ingkang saking estri punika dadosipun lare badhe lair jaler. Dene manawi derenging sengsem wau sami dene kiyatipun punika badhe mahanani lairipun bayi kembar.
Saklajengipun bab manjinging suksma wonten ing raga, punika boten wonten ing nglebet lan inggih boten ngurungi wonten ing njawi. Nanging suksma lan raga wau sami apepuletan limput-linimputan. Gampilipun kenging katembungaken kados dene kelet mawa ancur [lem kadamel saking deplokan beling utawi pecahan kaca]. Tumrap tiyang ingkang ngudi kawruh ulah kabatosan, punika sagedipun nyatakaken kasunyataning jiwa utawi suksma manawi ‘raos’ saged dumunung wonten antawisipun pepulatenning raga kaliyan suksma.
Suksma punika limrahipun asring katembungaken dados dhalangipun, raga katembungaken minangka wayangipun utawi ringgitipun. Ebah makartining wayang saking pun dhalang. Manawi suksma taksih tetemplekan kaliyan raga, punika ingkang dipun namakaken ‘kawula’. Dene manawi suksma pisah kaliyan raga manunggil kaliyan ingkang asipat gesang, punika lajeng limrahipun kanamakaken ‘gusti’.
Limrahipun tiyang punika kepingin lan ngudi sagedipun nyumerebi kasunyataning alus utawi suksmanipun. Miturut ingkang sampun nate kula alami, makaten wau sagedipun dumados [kaleksanan], inggih punika nalika kula ‘nggadhahi raos boten tresna babar pisan dhateng badhan kula piyambak. Sampun klentu ing panampi, katrangan sampun boten nggadhahi katresnan babar pisan dhateng badhanipun piyambak punika tumrap Serat Dewa Ruci mbokmanawi kemawon cocog kaliyan ungel-ungelan: “Cekake manungsa puniki, patoke wani pejah; lamun wedi lampus, sabarang nora tumeka.”
Wani pejah ateges wani kecalan badhanipun piyambak. Boten nresnani badhanipun piyambak ateges boten eman, lila lan ikhlas manawi badhanipun wau dados kados pundi kemawon boten prelu dipun suntik silikon grana lan payudharanipun, boten prelu dipun semir pirang rekmanipun, lsp. Dados sampun boten nresnani badhanipun piyambak ugi ateges lila ing pejahipun utawi wani mati [sajroning urip].
Sakawit menggah njedhuling raos makaten tuwin temahanipun teka lajeng murugaken saged nyumerebi jiwa kula piyambak wau saestunipun boten kaliyan kula jarag, nalika semanten kula namung ngleresi prihatos, manah badhe ngleksanani pitedhahing bapa panuntun kula bilih tiyang punika kedah ngolah gesangipun. Nanging dangu-dangu lajeng asring saged kaleksanan malih sarana kula sedya, inggih sarana nisihaken [ngicali] raos tresna dhateng badhan kula piyambak kanthi sinartan menebing pikiran. Dene anggen kula nggadhahi pamanggih bilih kaleksananipun sarana ngicali katresnan wau, manggihipun inggih sasampunipun kaleksanan nyumerebi kanthi mboten njarag wau.
Manawi dipun tekakaken suksma puika kados pundi wujudipun? Ing nalika kawitan, manut pengalaman lan rumaosing sesawangan kula, pun suksma punika rupenipun inggih kados kula piyambak tuwin werninipun kados dene salju. Makaten punika kula piyambak inggih lajeng katuwuhan raos pitaken “Apa ya kaya aku tenan ta kuwi?” Salajengipun sareng kula saged namataken, miturut raos lan sawangan kula, jebul boten kados kula. Ing ngriku rumaos kula tan agrana tan anetra, tan kakung tan wanodya tan wandu.
Katrangan bab kepanggih kaliyan suksmanipun piyambak wau mbokmanawi mor misah kemawon kaliyan babaring cariyos Dewa Ruci. Dewa Ruci kapindhakaken kaliyan Werkudara [namung kadamel langkung alit ingkang limrahipun kawastanan Dewa Bajang], lajeng paring wejangan dhateng Werkudara. Dados manawi makaten Dewa Ruci wau dados gurunipun Werkudara ingkang sejati kasebat Sang Guru Jati ya sejatining guru, inggih gurunipun saben tiyang.
Kados ingkang sampun kababar ing ngajeng, suksma punika dunungipun wonten ing raga tan kajaba tan kajero boten wonten ing lebet boten wonten ing njawi, nanging anglimputi wadhag apepuletan, nemplekipun kadosdene mawi lem. Salajengipun manawi tiyang pejah, inggih punika suksma pisah kaliyan raganipun, punika jalaran lem ingkang ngeletaken wau sampun boten kiyat anggenipun nggondheli.
Wonten ing jagading ulah kabatosan, bab Manunggaling Kawula Gusti punika limrahipun dados gegebengan [cepengan] ingkang wigatos sanget, tansah dados reraosan lan tansah dados bahan pirembagan, langkung-langkung wonten ing kalanganing para pinisepuh. Bab kawruh jumbuhing kawula Gusti wau limrahipun kaperang dados kalih. Ingkang kawitan aran Warangka Manjing Curiga. Ingkang kaping kalihipun Curiga Manjing Warangka.
Warangka punika wadhahipun dhuwung utawi keris, pikajenganipun inggih punika alusing raosipun manungsa minangka wadhahing Suksma. Hewadene curiga ateges wilahaning keris, pikajenganipun isinipun inggih punika kaalusan suksmaning manungsa ingkang nunggal kawontenan kaliyan dzatipun Pangeran. Menggah gathuking kalih-kalihipun wau limrahipun dipun wastani sapatemon kaliyan Sang Guru Jati.
Sarehning kawruh manunggaling kawula Gusti wau sampun misuwur [lan kaprah] tumraping umum, ing ngriki ugi prelu kawedharaken supados sageda muwuhi undhaking kawruh lan seserapan sawatawis. Minangka tuladha kangge nggambaraken kawruh manunggaling kawula Gusti ingkang wau saweneh wonten ingkang ngandharaken kanthi kawujudaken cariyos wayang, inggih punika lampahan Dewa Ruci.
Sekedhik kemawon ingkang badhe kula aturaken wonten ing ngriki, lowung saged damel lelimbangan. Supados mboten ngambra-ambra, becik dipun wiwiti saking nalika Werkudara saged kepanggih banjur pikantuk wejangan saking Dewa Ruci, ingkang dados sanepanipun Sang Guru Jati. Sinawung ing tembang Dhandhanggula:
Sekedhik kemawon ingkang badhe kula aturaken wonten ing ngriki, lowung saged damel lelimbangan. Supados mboten ngambra-ambra, becik dipun wiwiti saking nalika Werkudara saged kepanggih banjur pikantuk wejangan saking Dewa Ruci, ingkang dados sanepanipun Sang Guru Jati. Sinawung ing tembang Dhandhanggula:
“Lah ta mara Wrekudara aglis, lumebuwa guwa garbaningwang, kagyat miyarsa wuwuse. Wrekudara gumuyu, sarwi angguguk turira aris, dene paduka bajang, kawula geng luhur, inggih pangawak prabata saking pundi margane kawula manjing, jenthik mangsa sedhenga.
Angandika malih Dewa-ruci, gedhe endi sira lawan jagad kabeh iki saisine, kalawan gunungipun, samodrane alase sami, tan sesak lumebuwa guwa garbaningsun, Wrekudara duk myarsa , esmu ajrih kumel sandika tur-neki, mengleng sang Ruci-dewa.
Iki dalan talingan-ngong kering. Wrekudara manjing sigra sigra, wus prapta ing jro garbane, andulu samodra gung, tanpa tepi nglangut lumarib, leyeb adoh katingal, Dewa ruci nguwuh, heh apa katon sira, dyan sumaur sang Sena inggih atebih, tan wonten katingalan.
Awang-awang kang kula lampahi, uwung-uwung tebih tan kantenan, ulun saparan-parane, tan mulat ing lor kidul, wetan kilen datan udani, ing ngandhap nginggil ngarsa, kalawan ing pungkur, kawula boten uninga, langkung bingung ngandika sang Dewa-ruci, haywa maras tyasira.
Byar katingal ngadhep Dewa-ruci, Wrekudara sang wiku kawangwang, umancur katon cahyane, nulya wruh ing lor kidul, wetan kilen sampun kaeksi, nginggil miwah ingandhap, pan sampun kadulu, apan andulu baskara, eca tyase miwah wiku kaeksi, aneng jagad walikan.
Dewa-ruci suksma angling malih, payo lumaku andeluluwa, apa katon ing dheweke, Wrekudara umatur, wonten warni kawan prekawis, katingal ing kawula, sadya kang wau sampun datan katingalan, amung kawan prekawis ingkang kaeksi, ireng bang kuning pethak.
Dewa suksma ruci ngandika ris, ingkang dingin sira anon cahya, gumawang tan wruh arane, panca maya puniku, sajatine ing tyas sayekti, pangareping sarira, tegese tyas iku, ingaranan Mukasipat, kang anuntun marang kang linuwih, kang sejatining sipat.
Dewa suksma ruci ngandika ris, ingkang dingin sira anon cahya, gumawang tan wruh arane, panca maya puniku, sajatine ing tyas sayekti, pangareping sarira, tegese tyas iku, ingaranan Mukasipat, kang anuntun marang kang linuwih, kang sejatining sipat.
Mangka tinulak haywa lumaris, awasena rupa aja samar, kawasane tyas empane, wit tingal ing tyas iku, anengeri marang sajati, eca sang Wrekudara, amiyarsa wuwus, lagya medem tyas sumringah, dene ingkang abang ireng kuning putih, iku durgamaning tyas.
Pan isining jagad amepaki, iya ati kang telung prakara, pamurunge laku dene, kang bisa pisah iku, mesti bisa amor ing gaib, iku mungsuhe tapa, ati kang tetelu, abang ireng kuning samya, ingkang nyegah cipta karya kang lestari, pamoring Suksma mulya.
Lamun nora kawileting katri, yekti sida pamoring kawula, lesatri ing panunggale, poma den awas emut, durgana kang mungging ing ati, pangwasane weruha, siji sijinipun, kang ireng luwih prakosa, panggawene asrengen sabarang runtik, andadra ngombra ombra.
Iya iku ati kang ngadangi, ambuntoni marang kabecikan, kang ireng iku gawene, dene kang abang iku, iya tudhuh napsu tan becik, sakehing pepenginan, metu saking iku, panas-ten panas-baranan, ambuntoni marang ati ingkang eling, marang ing kawaspadhan.
Apa dene kang arupa kuning, kawasane nanggulang sabarang, cipta kang becik dadine, panggwe amrih tulus ati kuning kang ngadhang ngadhangi, mung panggawe pangrusak, binanjur jinurung, mung kang putih iku nyata, ati anteng mung suci tan ika iki, prawira ing karaharjan.
Amung iku kang bisa nampani, ing sasmita sajatining rupa, nampani nugraha nggone, ingkang bisa tumaduk, kalestaren pamoring gaib, iku mungsuhe tiga tur samya gung agung, balane ingkang titiga, kang aputih tanpa rowang amung siji, marma anggung kasoran.
Lamun bisa iya nembadhani, marang mungsuh kang telung prakara, sida ing kono pamore, sengkud pamrihipun, sangsaya birahinira, saya marang kawuhusaning ngaurip, sampurnaning panunggal.”
Inggih kados makaten kalawau gambaraning kawruh bab jumbuhing kawula Gusti ingkang kababaraken ing cariyos wayang lampahan Dewa Ruci. Katrangan ing nginggil wau nggambaraken tumindakipun tiyang ingkang nglampahi semadi ingkang sampun dados, sampun saged mbikak warananing (aling-alinging) gaib kanthi ngawonaken panggodhaning hawa napsu [hawa angkara murka].
Sang Werkudara saged sapatemon kaliyan Sang Guru Jati [iya gurune dhewe kang sejati] kalawan sampurna. Sampurnaning sapatemon dipun gambaraken wonten ing lelampahan Werkudara anggenipun wawan rembag kaliyan Dewa Ruci. Kosokwangsulipun sapatemon ingkang dereng sampurna, punika saged kepanggih kaliyan Sang Guru Jati wau, namung kemawon boten saged wawan rembag, umpaminipun namung saged nyumerebi, wonten malih saged kepanggih nanging namung saged nampeni dhawuhipun kemawon, boten saged pitaken lan mboten saged matur punapa punapa.
Samangke badhe kula aturaken bacuting tembang ingkang mratelakake bab sambung rapetipun manungsa kalayan gaibing urip sejati, inggih ingkang anglimputi sakalir.
“Yen makaten ulun boten mijil, sampun eca neng ngriki kewala, datan wonten sangsayane, tan niyat mangan turu, boten arib boten angelih, boten ngraos kangelan, boten ngeres linu, amung nikmat lan mupangat, Dewa-ruci ling ira tan keni, yen ora lan antuka.
Sangsaya sihira Dewa-ruci, marang kang kaewasihing paneda, lah iya den awas bae, mring pamurunging laku, haywa ana kamireki, den bener den waspadha, panganggepireku, yen wis kasikep ing sira, haywa amung den parah yen angling, iku reh pipingidan.
Nora kena lamun den rasani, lawan sasamaning pra manungsa, yen ora lan nugrahane, yen ana nedya padu, angrasani rerasan iki, becik den kalahana, ywa kongsi kabanjur, haywa ngadekken sarira, lan ywa kraket marang wisayaning urip, balik sikepen uga.
Kawisayan ingkang makripati, den kahasta pamantenging cipta, rupa ingkang sabenere, sinengker baweneku, urip datan ana nguripi, datan ana rumangsa. Ing kahananipun, uwis ana ing sarira, tuhu tunggal sasana lawan sireki, tan kena pinisaha.
Dipun weruh sangkanira nguni, tunggal sawang kartining bawana, pandulu lan pamiyarsane, wis ana ing sireku, panduluning suksma sejati, pan datan mawa netra, pamiyarsanipun iya datan lawan karna, netranira karnanira kang kinardi, iya wis aneng sira.
Lahiring suksma aneng sireki, batining suksma uga neng sira, mangkene ing pralambange, kadi wreksa, tinunu ananing kang kukusing hagni kukus kalawan wreksa, lir toya lan alun. Kadya lisah lawan powan, raganira ing reh obah lawan mosik, yekti lawan nugraha.
Yen pamoring kawula lan gusti, lawan suksma kang sinedya ana iya aneng sira nggone, lir wayang sarireku, saking dhalang polah ing ringgit, minangka panggung jagad, kelir babadipun, amolah lamun pinolah, sapolahe kumedhep lawan ningali, tumindak saking dhalang.”
Ngantos dumugi semanten rumiyin bacuting tembang wau, sapunika prelu mawas ingkang dados isi lan wigatosipun. Wosing tembang wau mahyakaken manawi manungsa sadaya punika sayektosipun inggih mbabaripun urip ingkang anglimputi sakalir [Pangeran] piyambak. Mila dipun tembungaken “Wis ana ing sarira, tuhu tunggal sasana lawan sireki, tan kena pinisahna“.
Ing layang Tajusalatin, babaran kawruhipun Imam Bukhori ing Johor, ingkang sampun ginubah lan dipun jarwakaken nyebataken kados makaten ungelipun, “Pan sampun kocap ing dalil, barang kang mujud iki, kabeh kanyatan tuhu, jenenging ayamalolah, haywa ta sira mungkiri.”
Syeh Siti Jenar, salah satunggaling wali ingkang kondhang bontosing nglemu kabatosanipun, anggadhahi gegebengan makaten: “Ngolati punapa malih, nora nana liyan-liyan, apan apes salawase, anging Allah ingkang Tunggal, ya jisim iya Allah, tokid tegese puniku, apan Tunggal kajatenya.”
Ing layang Centhini mratelakaken wejanganipun Syeh Rogoyuni dhateng Syeh Amongraga, makaten: “Rampung cukup wus aneng kita, suhul jumbuh kita lan dzating Widdi, wahuwa wajibul wujud, sami kahananira, kadya banyu lan toya pan saminipun, mung sanes basa kewala, napining Hyang napi mami.
Wonten malih ingkang pantes kangge limbangan, inggih punika wejanganipun Sunan Giri, sinawung ing tembang Sinom: “Njeng Sunan Siri ngandika, mungguh artine kang yekti . Allah pan jatining aran, liring wujud mokal ninggih, Pangeran kang sejati, liring wujud Hilapi-ku, jatining warna rupa, dene aran rohilapi, iku sejatine iya urip kita.”
Ing layang Centhini mratelakaken wejanganipun Syeh Rogoyuni dhateng Syeh Amongraga, makaten: “Rampung cukup wus aneng kita, suhul jumbuh kita lan dzating Widdi, wahuwa wajibul wujud, sami kahananira, kadya banyu lan toya pan saminipun, mung sanes basa kewala, napining Hyang napi mami.
Wonten malih ingkang pantes kangge limbangan, inggih punika wejanganipun Sunan Giri, sinawung ing tembang Sinom: “Njeng Sunan Siri ngandika, mungguh artine kang yekti . Allah pan jatining aran, liring wujud mokal ninggih, Pangeran kang sejati, liring wujud Hilapi-ku, jatining warna rupa, dene aran rohilapi, iku sejatine iya urip kita.”
Salajengipun Sunan Giri ngyakinaken: “Istingarah tan kajaba, istingarah tan umanjing, istingarah tan kawedal, tan kajero istingarah ing, sayekti luwih gaib, tan owah gingsir puniku, langgeng tanpa karana, kang jumeneng ki Rohani, apa rupanira duk nalikeng donya”. Minangka kunci wonten pangandikanipun para pinisepuh ingkang wignya ing agal-alus makaten: “Sing sapa weruh marang awake dhewe, iku prasasat weruh Pangeran.”
Makaten pathining ngelmu gegebanganing para linuwih ingkang tansah ngolah batosipun. Sadaya wau boten sanes ateges paring ancer-ancer dhateng sasamining manungsa: “Manawa padha nggambarake, padha ngganta, padha mikir, padha nggagas kahananing Gusti Allah lan kanyatane aja nganti kleru ener, aja nganti blawur, aja nganti kabandha dening tetembungan yen dirasa saklebatan sajake Pangeran iku manggon dhewe, pisah karo alam donya, pisah karo manungsa, upamane tetembungan ‘Gusti Allah iku ana ing swarga’, ‘Bali marang panayunaning Pangeran’, lll. “
Tetembungan makaten wau manawi kirang patitis anggenipun menggalih lan anggenipun nyuraos, tamtu kemawon badhe nggampilaken thukuling klentu ing pangira. Jalaran lajeng saged nuwuhaken gambaring pikiran, manawi Gusti Allah punika sajake kados tiyang punika, inggih sajak pinarak wonten ing panggenan ingkang sae lan sekeca sanget, sajak ya sok takon barang. Suksmanipun tiyang ingkang sampun seda, sajake banjur sowan marak ana ngarsane. Makaten salajengipun manawi ta ngantos klentu anggenipun nampi lan nyuraos tembung-tembung ingkang nyebataken bab ingkang magepokan kaliyan wontenipun Pangeran.
Wonten tetembungan wigatos sanget ingkang saged kangge gujengan manawi tiyang badhe remen olah kabatosan lan badhe nggayuh murih sanged ngraosaken lan mangertosi dhateng gaibing Pangeran, punika ‘Pangeran kuwi ora arah ora enggon, tan kena kinaya ngapa, ora kakung ora putri lan uga ora banci’. Tembung ora arah ora enggon, ateges anglimputi sakalir, ing ngendi endi bae ana. Awit saking punika uriping manungsa ugi kalimputan ing dzating Pangeran. Mila ing wejanganipun Dewa-ruci katembungaken tan kena pisahna.
Limrahipun banjur sok wonten pitaken: “Manawi Pangeran punika sejatosipun sampun nunggal [anglimputi] manungsa, kenging punapa manungsa kok teksih sami ngudi sagedipun manunggal?” Wonten malih pitaken makaten: “Manawi Pangeran punika ugi sampun tunggal kahanan kaliyan wujuding manungsa, kenging punapa manungsa kok boten nggadhahi panguwasa kados Pangeran, punika rak nggih mokal?”
Pitaken kados makaten wau leres sanget. Jalaran ngangge waton wantah, tegesipun miturut nalar: mesthinipun rak ngaten. Inggih wonten ingriki ingkang prelu dipun saring, prelu dipun raosaken kalayan tandhes. Kawontenaning gesang punika gaib [alus, samar], mila katembungaken tan kena kinaya ngapa. Awit saking sadaya tetembungan ingkang kangge mratelakaken alusing urip, boten kenging manawi lajeng dipun suraos kadosdene tetembungan ingkang gegayutan kaliyan kawontenan ingkang maujud ing ngalam donya utawi ingkang kenging ginayuh dening pikiran. Words cannot describe everything. Words are only descriptions of a reality that needs to be experienced.
Makaten ancer-anceripun manawi badhe nyuraos, rehing gaib, tembung anglimputi ingkang ugi ateges nunggal wau, boten kenging manawi lajeng dipun emperaken kados dene toya ingkang kawoworan sumba, dipun emperaken toya wau temtu saged ngabangaken punapa kemawon. Wontening tetembungan jumbuh, manunggal utawi ngelmu panunggalan punika sampun lajeng dipun suraos lan dipun emperaken kaliyan manunggiling barang kalih. Hananging kedah dipun suraos minangka ngudi supados saged mangertosi lan ngyakinaken gaibing Pangeran kanthi kaalusane.
Makaten ancer-anceripun manawi badhe nyuraos, rehing gaib, tembung anglimputi ingkang ugi ateges nunggal wau, boten kenging manawi lajeng dipun emperaken kados dene toya ingkang kawoworan sumba, dipun emperaken toya wau temtu saged ngabangaken punapa kemawon. Wontening tetembungan jumbuh, manunggal utawi ngelmu panunggalan punika sampun lajeng dipun suraos lan dipun emperaken kaliyan manunggiling barang kalih. Hananging kedah dipun suraos minangka ngudi supados saged mangertosi lan ngyakinaken gaibing Pangeran kanthi kaalusane.
Dene bab gandhenging panguwasanipun Pangeran kaliyan uriping manungsa ingkang linimputan mau, teksih mawi warana [aling-aling] gaib, ugi dumunung wonten ing angganing manungsa piyambak. Aling aling wau saged dipun lingkah, upamanipun kanthi srana semadi, kanthi srana tarak brata. Manawi manungsa sampun saged mbikak warana wau, ingriku bakal saged kaluberan panguwasaning Pangeran. Dene kathah sakedhikipun panguwasa kang kaluberaken wau, gumantung kaliyan kiyating pakartinipun manungsanipun piyambak.
Pramila punika ingkang dipun wastani jalma linuwih ing donya punika inggih ugi ngangge trap-trapan, ngangge undha-usuk wiwit saking ingkang mamung angsal kaluwihan sekedhik ngantos dumugi ingkang kathah sanget. Makaten gegambaran ingkang saged kangge pepindhan lan kenging kangge ancer-ancer.
Awit saking punika, manawi manungsa badhe manembah lan badhe ngudi dhateng gaibing Pangeran, ingkang langkung wigatos inggih sarana ngolah badhanipun piyambak, kanthi ngolah pikiran, pangrasa lan pakartinipun piyambak, sarana mbangun bebuden luhur, nindhakaken pakarti ingkang sae lan remen atul tlaten nindhakaken sembahyang, semedi utawi manekung.
Dene kuncinipun inggih punika pikir lan manah ingkang tansah eling marang sedyanipun murih sampun ngantos benceng ceweng, dados kedah fanatik [sampun ngantos gampil kapilut ing pamurunging laku]. Inggih muluring gagasan ingkang kados makaten kalawau mbokmanawi ingkang lajeng nglambari penggalihipun PB IV paring panutan dhateng putra wayahipun ingkang kapacak ing Wulang Reh:
” Nora gampang wong ngaurip, yen tan weruh uripira, uripe padha lan kebo, angur kebo dagingira, kalal yen pinangana, pan manungsa dagingipun, yen pinangan pasthi karam.”
” Nora gampang wong ngaurip, yen tan weruh uripira, uripe padha lan kebo, angur kebo dagingira, kalal yen pinangana, pan manungsa dagingipun, yen pinangan pasthi karam.”
“Poma-poma wekas mami, anak putu aja lena, aja katungkul uripe, lan aja duwe kareman, marang pepaes donya, siyang dalu dipun emut, yen urip manggih antaka.”…
‘Sayekti wajib rumuhun, angrawuhi ing sarira…”
Manawi sampun ngretos dhateng kajatening pribadinipun piyambak, inggih badhe ngretos sinten ingkang nguwaosi jagad punika. Ingkang makaten punika njiyat pantoging pamanggih bilih titah supados ngrumaosi yen wonten ingkang hanitahaken. Lan sadanguning tumitah, sumanggem ngemban tanggel jawab dhateng kuwajibaning titah rehne rumaos sampun dipun titahaken.
Lajeng manawi badhe ambyur anglampahi gesang ing satengahing bebrayan ageng, punika sejatosipun kedah kados pundi? Gesang punika sejatosipun gampil, jer sampun saged lan kersa ninthingi, nyinaoni, nindhakaken lan ngamalaken kalih prakawis, inggih punika saged lan kersa tansah nyenyuwun pangapunten dhumateng sok sintena kemawon lan saged lan kersa tansah paring pangapunten dhumateng sok sintena kemawon. Nuwun.
Gagakbaka patih ing Jodhipati setya tuhu marang raja lan nagara
Gagakbaka iku pepatih nagara Jodhipati, wiwit jaman Arya Dandunwacana sing sabanjure masrahake Jodhipati marang panguwasane Werkudara utawa Bima. Gagakbaka kondhang setya tuhu marang raja panguwasa Jodhipati lan uga tansah siyaga ndhepani nagara.
Arya Dandunwacana iku adhine Prabu Yudhistira, raja jin ing nagara Mretani. Dheweke dadi senapati lan betenge nagara, dedunung ing kasatriyan Jodhipati. Ing lakon Babad Alas Mre-tani, Dandunwacana adhep-adhepan kalawan Bima lan sabanjure nyawiji ing dhirine Bima.
Nalika nyawiji utawa njilma marang Bima iku, Dandunwacana masrahake marang Bima panguwasana ing Krajan Jodhipati, gada pusaka piyandele kang aran Lukitasari lan uga wadyabalane. Wadyabalane Dandunwacana iku antarane patih Gagakbaka utawa Gagakbongol lan anak-anake Slagahima, yaiku Pondhangbinorehan, Dhandhangminangsari, Jangettinelon, Celengdemulang, Menjanganketawang, Cecakandon lan liya-liyane.
Arya Dandunwacana muksa bebarengan wektune karo Prabu Yudhistira (kakangne) lan Dananjaya (adhine). Wandane Dandunwacana iku birawa, padha gagahe yen ditandhingake karo Bima. Bedane, Dandunwacana ora duwe kuku pancanaka.
Ing lakon Partakrama, Gagakbaka nate diutus golek wewaton kanggo minangkani panjaluke Dewi Wara Sumbadra sing arep palakrama karo Arjuna. Panjaluke Dewi Wara Sumbadra arupa kethek putih utawa wanara seta minangka jejangkepe upacara lan pahargyane penganten.
Pandansurat
Gagakbaka banjur tumuju padhepokan Pandansurat papan dununge kethek putih sing jenenge Pracandaseta. Kawitane Pracandaseta ora gelem nyembadani panjaluke Gagakbaka. Nanging sawise kalah ing adu kasekten, Pracandaseta gelem nyembadani kekarepane Gagakbaka, yaiku ndadekake Pracandaseta minangka wewaton bakal palakramane Sumbadra lan Arjuna.
Gagakbaka mimpin wadyabala Jodhipati ing perang Baratayuda mehak marang Pandhawa amarga panguwasane Jodhipati ora liya Arya Werkudara. Wujud wayange Gagakbaka iku gagah prakosa kayadene Jayadrata lan Gathotkaca. Tangane Gagakbaka nggegem kayadene tangane Bima. Rambute ngore lan disungging, awake ireng. Gagakbaka uga kondhang kanthi sesebutan Gagakbongol.
Ing jaman perang Trunajaya, nalika Trunajaya ngrabasa Mataram, sawijining dhalang wanita sing jenenge Nyai Panjangmas kasil dicekel. Mataram banjur males ngrabasa barisane Trunajaya, saengga Trunajaya mlayu tekan tlatah Pacitan. Nyai Panjangmas digawa nalika keplayu tekan Pacitan iku.
Ing sawijining kalodhangan, Nyai Panjangmas didhawuhi supaya nggelar pakeliran wayang kanthi lakon Partakrama. ::Ichwan Prasetyo::
Gada wesi kuning piyandele Setyaki dadi banthenge Dwarawati
Gada wesi kuning iku sanjatane Arya Setyaki, anake Prabu Setyajit, raja ing nagara Lesanpura. Arya Setyaki kasil nduweni gada wesi kuning saka Arya Singamulangjaya, senapati Dwarawati ing jaman Prabu Narasingamurti.
Kawitan Setyaki kasil nduweni gada wesi kuning dicritakake ing lakon Bedhahipun Negari Dwarawati.
Prabu Narasingamurti sing nyekel panguwasa Dwarawati nalika iku kudu ngadhepi panempuhe mungsuh sing ditindhihi Narayana saka Mandura. Narayana dibiyantu para Pandhawa. Narangsingamurti mrentahake Arya Singamulangjaya supaya ngadhepi lan ngukuhi nagara saka panempuhe Narayana sakwadyabalane.
Arya Singamulangjaya ngamuk ing paprangan. Akeh prajurite Narayana sing nemahi pati. Arya Setyaki banjur maju ing pabaratan ngadhepi pangamuke Singamulangjaya. Perang tandhing dumadi antarane kekarone.
Setyaki kepeksa tinggal glanggang colong playu amarga ora kuwawa ngadhepi pangamuke Singamulangjaya sing namakake gegaman wujud gada wesi kuning. Narayana banjur mrentah Arjuna supaya mbiyantu Setyaki.
Permadi banjur adhep-adhepan kalawan Singamulangjaya. Nalika iku Permadi utawa Arjuna banjur manah mripate Singamulangjaya kang wusana ndadekake Singamulangjaya kelangan pandulune, dadi wuta.
Weruh kalodhangan kasebut, Setyaki banjur maju sedya nempuh Singamulangjaya. Setyaki kasil mateni Singamulangjaya. Hamung sabanjure, Singamulangjaya manuksma lan njilma ing pribadine Arya Setyaki. Singamulangjaya banjur nyawiji marang jati dhirine satriya saka Garbaruci kasebut.
Kanthi musnane Singamulangjaya, nalika iku Setyaki uga marisi pusakane. Gada wesi kuning dadi duweke Setyaki lan wusana dadi sanjata piyandele kang ampuh temen-temen lan tansah ngedab-edabi tumrap mungsuh-mungsuhe Setyaki.
Dene nagara Dwarawati sabanjure kasil dikuwasani dening Narayana sawise Prabu Narasingamurti rumangsa sakjiwa karo Narayana. Narayana banjur sinengkakake jumeneng nata ing Dwarawati jejuluk Sri Kresna. Arya Setyaki nuli sinengkakake ngaluhur dadi senapati nagara Dwarawati. Lan amarga sikep kendele lan uga kasektene, Setyaki kondhang minangka bantheng Dwarawati.
Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991, ing jagad pedhalangan Jawa gada wesi kuning sanjatane Setyaki iku duwe aran liya yaiku gada Kiai Lukitasari. ::Ichwan Prasetyo::
Jaya Anggada
Jaya Anggada, wanara kang grusa-grusu
Jaya Anggada yaiku putra Resi Subali kalawan Dewi Tara lan mapan ing Guwa Kiskendha. Nalika bapak kuwalone yakuwi Narpati Sugriwa mbiyantu Sri Rama nyerang Alengka, Jaya Anggada melu wadyabala wanara sing mbelani Sri Rama.
Nalika Sri Rama nuding Anoman dadi dutane kanggo niliki kekuwatane Alengka, Jaya Anggada srei lan rumangsa uga bisa dadi dutane Sri Rama nadyan sedina sewengi thok, kaya dene Anoman. Wusanane, Anoman sing katuding dadi dutane Sri Rama.
Lara atine Jaya Anggada samsaya ndadra nalika meruhi Anoman didadekake dhuta. Dheweke banjur nantang tandhing Anoman, nanging bisa dipisah dening Sugriwa amarga loro-lorone isih kapetung sedulur. Jaya Anggada dhewe ngrumangsani kuwi, banjur njaluk pangapura marang Anoman.
Ing liya dina, Jaya Anggada wusanane uga didadekake duta dening Sri Rama lan dititahake supaya ngadhep Dasamuka ing Alengka, njaluk supaya Dewi Shinta dieculake tanpa lumantar perang. Nanging Dasamuka tetep atos kateguhane. Jaya Anggada dhewe banjur nrejang Dasamuka lan nyaut makutane, banjur digawa bali lan dipasrahake marang Sri Rama.
Sawuse kuwi, banjur pecah perang gedhe kang kaaran Sarikudhup palwaga antarane Sri Rama sawadyabala nglawan Dasamuka sawadyabala. Perang gedhe kuwi purna nalika Dasamuka bisa dikalahake Sri Rama kanti panah sektine, yakuwi panah Guwawijaya. Sri Rama dhewe banjur nduweni niyat ngangkat Dasawilukrama, anake Dasamuka sing isih urip, dadi raja anyar ing Alengka.
Mangerteni kuwi, Jaya Anggada nyuwarani ala. Dheweke kuwatir manawa Dasawilukrama sukmben males ganti mateni Sri Rama, sing wus mateni bapake.
Jebule bener pangirane Jaya Anggada, Dasawilukrama diprentah dening rohe bapake supaya merjaya Sri Rama. Mangerteni kuwi, Jaya Anggada bali mulih menyang Alengka banjur ndhelik ing sangisore papan paturone Sri Rama.
Nalika Dasawilukrama teka kanti nggawa keris kanggo merjaya Sri Rama, Jaya Anggada nangekake Sri Rama banjur nyekel Dasawilukrama lan ngrebut keris sing digawa mau. Sajane Sri Rama menehi pangapurane, nanging Jaya Anggada wus entek sabare banjur mateni Dasawilukrama ing ngarepe Sri Rama.
Jaya Anggada rumangsa seneng banget wusanane bisa mateni Dasawilukrama, lan dheweke banjur gelem gabung maneh karo wadyabala wanara angkatan perang Kiskenda. ::Damar SP::
Anggada adalah salah seorang senapati tentara wanara negara Kiskenda dalam pemerintahan Prabu Sugriwa. Ayahnya adalah Resi Subali, ibunya bernama Dewi Tara, putri Batara Indra. Subali dan Sugriwa, atas perintah dewa, telah menang dalam perang melawan Prabu Maesasura, dengan seluruh balatentaranya.
Sesudah peristiwa Kiskenda, Sugriwa dikawinkan dengan Dewi Tara dan dinobatkan menjadi raja. Kerajaan Kiskenda dihadiahkan kepadanya. Atas hasut-fitnah Prabu Dasamuka, negara Kiskenda diserang Subali, yang merasa bahwa kemenangan atas Kiskenda, Subali-lah yang melakukannya. Prabu Sugriwa dengan tentaranya terpaksa meninggalkan negaranya. Subali akhirnya menduduki Kiskenda dan memperistri Dewi Tara. Dalam perkawinan ini lahirlah wanara Anggada.
Sugriwa dapat kembali menduduki Kiskenda setelah Subali dapat dibinasakan oleh Sri Rama. Anggada tetap mengikuti ibunya, Dewi Tara, yang kembali menjadi istri Sugriwa.
Dalam lakon “Hanoman Duta”, Anggada sangat iri hati atas pengangkatan Hanoman, saudara sepupunya, sebagai duta ke Alengka untuk menyelidiki tempat disembunyikannya Dewi Sinta, istri Rama. Di dalam lakon “Anggada Balik”, ia diutus Sri Rama untuk mengukur kekuatan bala tentara Alengka. Karena hasutan Rahwana, yang mengatakan bahwa pembunuh ayahnya adalah Sri Rama, Anggada kemudian mengamuk dan berbalik akan membunuh Rama. Tetapi Hanoman kemudian dapat menaklukkan dan menginsyafkan serta menyadarkannya.
Akhirnya Anggada kembali menyerang Alengka dan berhasil membawa mahkota Prabu Dasamuka dan dipersembahkan kepada Sri Rama. Dalam perang besar Alengka, Anggada menunjukkan kepahlawanannya di medan perang, ia berhadapan langsung dengan putra mahkota Alengka, Indrajit, putra Dewi Tari, saudara sepupunya. Atas jasanya ia mendapat tambahan nama “Jaya” yang berarti unggul, maka dari itu ia lazim disebut Jaya Anggada. Seperti wanara yang lain, Anggada tidak dapat diketahui akhir hidupnya.
Gagakbaka patih ing Jodhipati setya tuhu marang raja lan nagara |
Gagakbaka iku pepatih nagara Jodhipati, wiwit jaman Arya Dandunwacana sing sabanjure masrahake Jodhipati marang panguwasane Werkudara utawa Bima. Gagakbaka kondhang setya tuhu marang raja panguwasa Jodhipati lan uga tansah siyaga ndhepani nagara. |
Arya Dandunwacana iku adhine Prabu Yudhistira, raja jin ing nagara Mretani. Dheweke dadi senapati lan betenge nagara, dedunung ing kasatriyan Jodhipati. Ing lakon Babad Alas Mre-tani, Dandunwacana adhep-adhepan kalawan Bima lan sabanjure nyawiji ing dhirine Bima. Nalika nyawiji utawa njilma marang Bima iku, Dandunwacana masrahake marang Bima panguwasana ing Krajan Jodhipati, gada pusaka piyandele kang aran Lukitasari lan uga wadyabalane. Wadyabalane Dandunwacana iku antarane patih Gagakbaka utawa Gagakbongol lan anak-anake Slagahima, yaiku Pondhangbinorehan, Dhandhangminangsari, Jangettinelon, Celengdemulang, Menjanganketawang, Cecakandon lan liya-liyane. Arya Dandunwacana muksa bebarengan wektune karo Prabu Yudhistira (kakangne) lan Dananjaya (adhine). Wandane Dandunwacana iku birawa, padha gagahe yen ditandhingake karo Bima. Bedane, Dandunwacana ora duwe kuku pancanaka. Ing lakon Partakrama, Gagakbaka nate diutus golek wewaton kanggo minangkani panjaluke Dewi Wara Sumbadra sing arep palakrama karo Arjuna. Panjaluke Dewi Wara Sumbadra arupa kethek putih utawa wanara seta minangka jejangkepe upacara lan pahargyane penganten. Pandansurat Gagakbaka banjur tumuju padhepokan Pandansurat papan dununge kethek putih sing jenenge Pracandaseta. Kawitane Pracandaseta ora gelem nyembadani panjaluke Gagakbaka. Nanging sawise kalah ing adu kasekten, Pracandaseta gelem nyembadani kekarepane Gagakbaka, yaiku ndadekake Pracandaseta minangka wewaton bakal palakramane Sumbadra lan Arjuna. Gagakbaka mimpin wadyabala Jodhipati ing perang Baratayuda mehak marang Pandhawa amarga panguwasane Jodhipati ora liya Arya Werkudara. Wujud wayange Gagakbaka iku gagah prakosa kayadene Jayadrata lan Gathotkaca. Tangane Gagakbaka nggegem kayadene tangane Bima. Rambute ngore lan disungging, awake ireng. Gagakbaka uga kondhang kanthi sesebutan Gagakbongol. Ing jaman perang Trunajaya, nalika Trunajaya ngrabasa Mataram, sawijining dhalang wanita sing jenenge Nyai Panjangmas kasil dicekel. Mataram banjur males ngrabasa barisane Trunajaya, saengga Trunajaya mlayu tekan tlatah Pacitan. Nyai Panjangmas digawa nalika keplayu tekan Pacitan iku. Ing sawijining kalodhangan, Nyai Panjangmas didhawuhi supaya nggelar pakeliran wayang kanthi lakon Partakrama. ::Ichwan Prasetyo:: |
0 komentar:
Posting Komentar